Sanggar wayang gogon surakarta

Sanggar wayang gogon surakarta sanggar wayang gogon merupakan sebuah perusahaan yang memproduksi wayang kulit dan segala kelengkapa Komunitas Budaya Sanggar Wayang Gogon

09/07/2026

NYAWIJI TOSAN AJI SURAKARTA
besuk Jumat 10 Juli 2026 di Balaikota Surakarta

14/06/2026

Mural Wayang Bercerita di Kampung Seni Kentingan dan UMKM Asri Surakarta
Titik ke 3 lakon Kresna Duta

06/06/2026

SASTRA JENDRA seri 15, 16
Magita-gita Prabu Sumali sigra ngurmati sedulur sinarawedi kang wus dangu pepisahan. Begawan Wisrawa gya angrangkul marang Prabu Sumali sineksenan bumi Ngalengka kang dumadakan mbabar kaendahan.

Sewu konang kang sumunar sorote saka netrane sang Begawan Wisrawa, kemerlap anyunari penggalihe Prabu Sumali, ing sak jabaning pagelaran gumuruh swarane para kawula kang anekseni priyagung kekalih kang katresnanira paribasan lintang ing tengah wengi lumaku ing langit tunda pitu. "Yayi, yayi Sumali adhine pun kakang. Yogene sliramu karasa anyimpen rasa sedih? Yayi, pirang-pirang taun kang wus kawuri, apa maksih nyimpen rasa kang ndadekake petenging atimu? Katon cahyamu layu kaya kembang kang garing. Yayi, eling dhimas. Nalika awake dewe lumaku sak tengahing alas nyumurupi kidang-kidang kang lagi lumayu klawan sak kanca rowange. Ana ing wektu saiki, aku kepengen mbaleni kaya jaman samana, dadi kidang kang mesem ngguyu nyumurupi kabagyan anakke dewe sak kloron. Dina iki aku kepengen nglamar putrimu, Dewi Sukesi, kanggo putraku Danaraja, Sumali," pamintane Begawan Wisrawa.

Sumali midangetke apa pangadikane Begawan Wisrawa, atine kedhodhok kadya katusuk panas panasing surya kang awujug jemparing tumancep ing batine. Kuwatir bakal ana daredah, tuwuh tandha pitakon sak jroning batin, aja-aja pasedulurane bakal pedhot awit Wisrawa nora kasembadan minangkani pamundhute Dewi Sukesi.

Seri 16.



"Kakang Wisrawa, dosa apa kang bakal tak sandhang, yen ngawuningani ludiramu netes ing bumi Ngalengka kang peteng ndhedhet iki paribasan kaya neraka jahanam. Aku ra kepengen sliramu gugur tandhing yuda klawan Jambumangli. Kawuningana kakang, Sukesi gelem urip kanthi ngarep-arep barang kang nora bakal kagayuh. Sukesi wes prasetya, gelem winengku kakung sapa wae ananging kudu bisa medharke Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu," pangucape Prabu Sumali. "Kosik Sumali, Sumali. Apa wus t**i wancine jagad iki nangis awit saka pamundute putrimu. Coba sawangen, sa

03/06/2026

Sukesi !!!, jabelen ucapmu. Para dewa bakal nibakake paukuman amarga krungu panjalukmu. Jagad bakal owah, amarga pangucapmu. Pun bapa ora mangerti maknane impenmu mau. Sak ngertine pun bapa menawa kewan bakal dadi manungsa, lan manungsa bakal di mulyakake dening para dewa, yen ana kang wani medharake Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu iki. Jabelen panjalukmu ngger, menawa kowe ijik tresna karo bapakmu!!" pangucape Prabu Sumali.

Dumadakan bumi gograk, gludug jumaleger ing ngantariksa, udan tangis kaya njebolne lawang ing kahyangan. Peteng ndhedet lelimengan anglimputi bumi Ngalengka. Manuk mandek anggennya mabor. Para ibu-ibu ing Ngalengka ngrangkul anak-anake kanthi raket banget, kuwatir menapa bakal di gondol Bathara kala.

Seri 14.





"Kanjeng rama, kula trimah gesang piyambakan sak lawasing urip kula, menawi mboten wonten piyantun ingkang saged mbabar Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, rama," sumpahe Dewi Sukesi.

Sak suwene Prabu Sumali sabejagong klawan ingkang para putra, dumadakan ing sak njabaning pagelaran para kenya sami medal saking palenggahan awit wuninga Begawan Wisrawa kang teka. Kinira yen Bathara Kamajaya dewaning kebagusan kang prapta. Endah warnanira, barlean kang aneng sak pinggiring gapura dadya ngetokne cahya kang sumunar. Sela-sela gilang sak kiwa tengene sumorot awarna biru maya-maya. Kembang-kembang kang wus layu jenggirat mekar maneh, awit keprabawan kawibawane Begawan Wisrawa.

02/06/2026

SASTRA JENDRA
seri 11, 12
"Kanjeng rama sesembahan kula, nyuwun agenging pangaksami menawi atur kula kirang mranani penggalih paduka, kanjeng rama. Sampun ndakwa mekaten, kanjeng rama. Wutahing getih menika sanes kekarepan kula, nanging kekarepanipun paman Jambumangli. Paman Jambumangli meksa dumateng kula, badhe bebela kasulistyaning putri paduka, kanugrahan saking dewa menika, kanthi kasektene paman Jambumangli. Sakyektosipun, kula mboten sarujuk katresnan kula linambaran kanthi tetesing rah. Kanjeng rama, saben ndalu kula nyumpena, kula mboten badhe nampik sok sintena kemawon, menawi wonten ingkang saged mujudaken panyuwun kula ing alam pangimpen wau," pamintane Dewi Sukesi.

Prabu Sumali midangetne pangucape putrine nganti kamitenggengen, Prahasta adhine Dewi Sukesi ndomblong kaya sapi ompong. "Apa panyuwunmu, ngger putraku cah ayu?" pitakone Prabu Sumali.

"Kanjeng rama, nalika kula nyumpena, kula katingal wonten ing jagad suwung, mboten wonten ndalu utawi siyang. Jagad menika wontenipun amung sumorot kang mawa cahyo sumunar. Kula ningali wonten kreta kencana ingkang dipun geret dening kewan kang saking kaswargan awujud kuda sembrani kang mawi suwiwi, ing sak nginggileng kreta wau, wonten naga ingkang sisikipun warna emas mencorong sarwi nibakaken jawah salju kang nengsemaken. Kanjeng rama, sak lebeting pasupenan kula nampi SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU. Kula mboten mangertos menapa maknanipun, mila menika kanjeng rama, sinten kemawon ingkang saged mbabaraken kawruh menika, namung dumateng piyambakipun kula masrahaken jiwa raga kula, kanjeng rama," pangucape Dewi Sukesi kang sumunar tejane katon sumringah.

02/06/2026

SASTRA JENDRA
seri 9, 10

Negara Ngalengkadiraja.



Prabu Sumaliraja, ratu buta kang luhur bebudene. Ing sakpangarepane lungguh timpuh atmajane kang ayu rupane, sesilih Dewi Sukesi, klawan putranira ingkang kakung, Prahasta arane. Udan awu banjir getih kang mapan ana ing blabar kawat janget cinencang, ratu-ratu kang gugur ana tangane Arya Jambumangli.

Dewi Sukesi katon sumunar cahyanira ing sak tengahing segara getih kang lumeber. Kasulistyaning kondhang kaloka ngebaki jagad. Para widadari ing kswargan sulap nyawang marang ayune sang dewi. Nganti mendung wae mandheg grek eman-eman nibakne banyu kuwatir yen ayune Dewi Sukesi luntur ketiban banyu. Lambene, biyuuuuh yen mesem jiaaan merak ati gawe gogrok atine kang anyawang. Mripate biru maya-maya bundher kaya rembulan ndadari. Busanane kebak inten-intenan, benange nganggo kain sutra kang regane atusan yuto. Sak perangan mbulan kang ketutup pelangi, yo kuwi kaendahane payudarane kang gawe ngiler sing anyawang, ndelik ketutupan kain sutra kang di jait dening Bathari Ratih.

Seri 10



"Sukesi, putraku ngger bocah ayu, denok deblong. Lamun sira ngerti kasulistyamu iku kang nyipta para empu sing gaweane ngronce kembang ing plataraning para dewa. Nanging, Sukesi. Empu kuwi titahe Gusti kang ora duwe rasa seneng, kaya dene bapakmu iki?" pitakone Prabu Sumali, kang becik bebudene sarta luhur kawicaksanane.

"Sukesi, cukup semene wae anggonmu gawe banjir getih ana bumi Ngalengka. Ratu-ratu pada gugur neng tangane Arya Jambumangli. Sukmane padha ngrambyang bakal ngganggu katentremaning Negara Ngalengkadiraja, kawula dasih pada susah amarga patrapmu kang mangkana, Sukesi. Sapa kang bakal unggul jurite tandhing yuda klawan Jambumangli?" pitakone Prabu Sumaliraja marang Dewi Sukesi. "Kondhoa karo pamanmu, Sukesi, menawa kowe enggal bakal nemtokake, ratu ngendi pilihanmu kang bakal tok tampa panglamare, sapa wae, supaya enggal rampung Negara Ngalengka nandhang dedosan kang saiki lagi mangan getih amarga kekarepanmu lan kasektene pamanmu kuwi," pangucape Prabu Sumali kang nandhang sungkawa.

01/06/2026

SASTRA JENDRA

seri 7

Oh, dewaning hyang agung, sembah sujud kula mugi konjuk dumateng paduka. Mboten nyana menawi sak tengahing alas kang peteng ndhedet lelimengan menika kerawuhan Bathara Kamajaya dewaning kebagusan. Sumoroting paduka damel wana menika kang peteng dados padhang njingglang," pangucape wong tapa sarwi sembah dodok mring padaning sang Begawan Wisrawa. "Aja ndakwa kang mangkana, kisanak kang nembe tapa. Aku dudu Kamajaya, nanging aku amung manungsa lumrah kang bakal tumuju mring negara Ngalengka," pangucape Begawan Wisrawa lan sang atapa bali ngadek maneh kaget, nanging ora kuciwa, amarga percaya mesthi kang di sembah iku dewa. Nalika Wisrawa bakal nglamar Dewi Sukesi, Begawan Wisrawa sak pandurat kaya Bathara Kamajaya kang arsa ngupadi katresnane, Dewi Ratih kang lumebu aneng gegrumbulaning kembang.

Seri 8.

Lumampah lon-lonan sang Begawan Wisrawa, agawe kewan buron wana sumingkir awit keprabawan dayane sang resi.

"Anakku Danaraja, pun bapa ninggalne Negara Lokapala kanggo sliramu. Pun bapa sumurup, sira bakal jumeneng nata ing jagad raya iki dadi ratu kang wicaksana. Kanggo sliramu, aku trima lengser keprabon madek dadi begawan, mapan ana ing alas gung liwang-liwung adoh seka Negara Lokapala. Siyang pantaraning ndalu pun bapa nyeyuwun mring Gusti, supaya sira nemu kabejan Danaraja. Aja was sumelang ngger, putraku. Dewi Sukesi enggal sun boyong marang Negara Lokapala," pangucape Begawan Wisrawa ing batin, sigra daya-daya anjok ing Negara Ngalengkadiraja



01/06/2026

SASTRA JENDRA
seri 4, 5, 6

"Nimas ayu, Sukesi. Pepujaningpun kakang, sawangen ing pucuk cemara kae, katon ana sesotya kang endah ing jagad raya, kae dudu inten, emas, utawa barlean, nanging ati suci kang tresna mring sliramu, yayi, entenana ing Taman Argasoka. Pun kakang bakal mboyong sliramu aneng Negara Lokapala yayi," jroning pangimpen Prabu Danaraja kasmaran marang Dewi Sukesi.

Jagad wus kebrebegen menawa Prabu Danaraja kasmaran marang Dewi Sukesi. Sang surya nglilani mendhung tumiyung anutupi, gya ngurmati Prabu Danaraja anggennya sare kepati ing alam pangimpen. Kembang pudak mekar ing wanci dalu agawe saya anglese Prabu Danaraja nggenya nendra.

Dumadakan ana sumorote surya, kaprungu jago kluruk, peksi-peksi muni gegantang aneng wit kanigara, swarane munya angrangin kadya wong kang nandhang kasmaran. Kagyat Prabu Danaraja, tangi jenggirat noleh kanan, noleh kereng kang di angen-angen amung rawuhe ingkang rama Begawan Wisrawa.

Analasak wanawasa mandap saking gunung Lokapala Begawan Wisrawa, kang katuju amung ing Negara Ngalengkadiraja. Saben alas kang di lewati dening sang begawan salin wujud dadya taman-taman kang edi peni anggandha arum wewangen. Wit gurda kang gedhe-gedhe sumilak anyisih kadya padang njingglang sak isening wana awit saka lampahing Begawan Wisrawa. Kumricik swaraning kali arsa nyumanggaaken sang begawan arsa nyabrang. Alam kang endah warnanira, nanging luwih endah nalika sang Begawan Wisrawa kang arsa nglamar Dewi Sukesi kanggo putrane, Danaraja.

Manuk jalak kepengen dadi garuda kang duwe pangangen-angen dadi tumpakane Begawan Wisrawa pendita kang wicaksana. Wit nagasari katiyuping angin gegodongane arsa dadi dayang-dayang kraton kepengen ngipasi Begawan Wisrawa.

01/06/2026

SASTRA JENDRA SERI 3

Sangsaya dalu ana swaraning manuk gagak saka kadohan, umpama bisoa tatajalma sarwi angucap katresnan nora bakal bisa menang tandhing yuda klawan kawicaksanan. Prabu Danaraja mendhel nalika nyawang ingkang rama Begawan Wisrawa, praupane ingkang rama ngatonake tandha katresnan marang anak kang angluwihi. Lan Begawan Wisrawa tansah mituruti apa kang dadi panjaluke si anak. Kat**ik Begawan Wisrawa rawuh marang Lokapala amarga ngawuningani menawa putrane lagi nandhang asmara.

"Kanjeng rama, jagad mboten badhe sanggup menggak kawicaksanan paduka rama kang nuwuhaken kasunyatan sak wanci-wanci. Ingkang putra tansah nderekaken jengkar paduka, kanjeng rama" pangucape Prabu Danaraja nalika Begawan Wisrawa pamitan budal mring Ngalengkadiraja.

Bengi iku dadi seksine janji-janji Begawan Wisrawa marang putrane. Prabu Danaraja kadya siniram tirta weninge rembulan, wit-wit kang gedhe lan angker pating sumiyut katiyuping angin pagunungan, kaya-kaya paring sasmita marang pelataraning kraton Lokapala.

Wit pring pating jarethot anggesek kanca rowange sih kinasihan kaya amencepi tindake Begawan Wisrawa, sineksen konang kang pating karelap pating karelip kadya barlean tiba saka busanane para widadari ing kaswargan.



Seri 4.



"Anakku, pagene sira katon suntrut cahyamu, amung ngalamun ana sak ngisore rembulan, kamangka sunare wus mbranang bakal ilang?" dumadakan ana swara kang alus gawe kagete Prabu Danaraja.

Mulat Prabu Danaraja, prayata ibune kang ngadek ana pangarepane kang sesilih Dewi Lokawati. Sinare sang hyang candra sumorot aneng rikmane Dewi Lokawati kang katon sumilak rikma ubane awarna putih. "Kanjeng ibu, kalilanana ingkang putra angentosi kanjeng rama, badhe nglamar mboyong putri saking Ngalengkadiraja, atmajanipun Prabu Sumaliraja, kang kekasih Dewi Sukesi," pangucape Prabu Danaraja. "Putraku ngger, angen-angenmu bakal dadi kasunyatan, sira percoyoa marang lekase ramamu Begawan Wisrawa, kang bakal ndadekake kabagyanmu, ora nana liya wong kang wicaksana kajaba keng ramamu, ngger. Nalika aku maksih mbutuhake katresnane, ramamu ninggalne ibumu iki, lumebu aneng alas kanggo nindhakake tapa, amarga ramamu mangerteni ing kono laku sumandhing ana ngarsane Gusti Kang Akarya Jagad. Keng rama sumeleh keprabon kapasrahake marang jeneng sira, senadjan durung t**i wancine awit katrenane marang anak. Sira aja nganti was sumelang marang janjine ramamu Begawan Wisrawa, ngger putraku, enggal sira mapan ana ing palereman," dawuhe Dewi Lokawati marang Danapati

Address

Jalan Halilintar No. 140. Rt. 03. Rw. 10. Kentingan. Kel. Jebres
Surakarta
57126

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Sanggar wayang gogon surakarta posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Contact The Establishment

Send a message to Sanggar wayang gogon surakarta:

Shortcuts

Share