29/11/2014
Re Post »»»»»»»»»»
"Modifikasi Kopi Luwak dadi Kopi
Kucing"
Slamet mertamu nang omahe Faisol disuguhi
kopi. Jarene kopine enak tenan, soale Faisol
ngelem kopi sing disuguhno. Slamet akhire
nyruput kopi soale penasaran rasane.
Slamet: "Iki kopi opo tho, kok rasane rodo
kecut?"
Faisol : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi
luwak sing larang iku."
Slamet : "Woo ngono tho, kopi opo jenenge?"
Faisol: "Kopi kucing, aku gawe dewe..."
Slamet : "Opo iyo kok jenenge kopi kucing?"
Faisol : "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak
kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge
diolah, kopi kucing iki dipangan kucing
sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben
gampang aku gawe kucing ae."
Slamet : "Kucing doyan kopi to, Sol?"
Faisol : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo
kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak
pakakno kucing."
Slamet wetenge wis mulai rodo mules,
S;anet : "Terus piye prosese Sol?"
Faisol : "Kopine kan metu bareng taek kucing,
gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe
sampek garing, terus digiling maneh sampek
halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama
nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing
tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba
kok yo gak kolu... Yo opo Met, rasane?"
Slamet: "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... kowe
Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, Sol, tapi nek
iki yo taek kucing jenenge!"