12/12/2021
Aku kaya tau dikandhani kancaku, nek ngelead (diatonis) ki di improve wae rapapa sing penting beat ora ucul karo isih di dalam root progresine. Kancaku sing liyane ya tau ngandhani nek nyacah (pentatonis) kuwi diawur wae rapapa penting selehane pas tempone ra mlayu-mlayu, tur mulat pathet. Kok isa kaya mengkono ya? Saka kuwi njuk malah mikir, apa jebul nglakoni lelaku ki kaya ngono? Diawur wae rapapa, penting ngerti anggon papan nyelehke, ora mbrungsal-mbrungsal sak penake dhewe, lan isa mulat marang kiwa-tengene? Ning ya nek meh harmoni pancen apike kuwi ana polane. Ning nek ngomong benere, ngko s*k...Masa iya Gusti mung nrima lelakune wong sing ana polane? Banjur s*k dha ngawur kuwi piye? Kamangka papan selehan sing paling pass kuwi ya mung ning pangayunane Gusti. Sak pener-penere pola, sak ngawur-ngawure laku yen isih iling marang papan selehane, isih mulat marang kahanane tak kira kuwi padha-padha ana bijine. Kuping menungsa wae isih isa toleransi karo unen-unen s*k ndalan (embuh dipola apa diawur kuwi gumantung krenteging ati) masa ya kang maha asih lan maha wicaksana kuwi ora? Ning ya nek isih ndalan lo, bestie.......~
Hahahaha. Mah ngapaaa, gur omongane wong ngawur, aja banget2. Tur kuwi ya karepe cacahan Playon Mataraman Pelog Barang, ning awur-awuran π€£π€£.
*k **indonesia *kjogja *kbanjarnegara *kgram *kgram *kjawa